kalakone panjangka nganggo jumangkah

bisaa rumangsa aja rumangsa bisa

Rabu, 23 Oktober 2013

PITUTUR LUHUR

  • Wong gething ora kurang ing panacad, wong dhemen ora kurang pangalem. Ngudiya supaya dicacad wong kang dhemen lan dialem wong kang gething marang dhirimu. Jalaran ya ngono iku panacad lan pangalem kang satemene (PS 17-2013)D
  • Manuk mliwis kuwi senajan slulup ing banyu, elare ora bisa klebus dening banyu. Semono uga pralampitaning jiwa kang wus sampurna, senajan urip ing mayapada, ewa semono dheweke bisa uwal saka pangaribawaning kadonyan (PS 18-2011)
  •  Dohana rasa drengki lan srei, jalaran srei lan drengki mangan amal kabecikan kayadene geni mangan kayu bong(PS 21-2013)
  • .
  • .
  • .
  • .
  •  

PARAMASASTRA

Ater-ater Hanuswara

Ing Paramasastra wonten ater-ater Hanuswara, satunggaling atêr-atêr ing basa Sanskrita, têgêsipun nurut,
kalihan swara.  Mênggah ingkang dipun wastani anuswara punika awujud cêcêk, inggih punika ingkang dados `cêcakan ' ing sêratan Jawi, ing basa modheren winastan  tembung 'nasal' utawi aksara irung [bindheng]..

Wondene wontên ing basa Sanskrita, anuswara punika swantênipun anurut swara, upaminipun jangbu, punika ungêlipun jambu. Panggih = panggih. Pangji = panji. Dangdang = dandang. Pangdhawa = Pandhawa.
Makatên sasaminipun. Dados suraosipun nurut swara, sampun cêtha.

Têgêsipun, yèn ana sangarêping ka ga, dadi ng, yèn ana sangarêping ca ja dadny. Makatên salajêngipun.
Namung anuswara wontên ing sêratan Jawi jaman samangke, limrahipun wonten sekawan inggih punika ; m, n, ny ng.

1] Ater-ater Hanuswara /m/ mapan ing tembung ingkang apurwa aksara [b, p, lan w].
2] Ater-ater Hanuswara /n/ mapan ing tembung-tembung ingkang apurwa aksara [dh, d, th, t ].
3] Ater-ater Hanuswara /ng/ mapan ing tembung-tembung ingkang apurwa aksara [g, k, l, h, r ]
4] Ater-ater Hanuswara /ny/ mapan ing tembung-tembung ingkang apurwa aksara [c, s, j ]

Tembung-tembung ingkang apurwa aksara ;[ m, n, ny, nga, y ] boten saged  nampi wewahan ater-ater Hanuswara.

Selasa, 22 Oktober 2013

AJINING DHIRI ANA ING LATHI

Saben wong ing nendi wae bakale rumangsa marem lan seneng menawa diajeni dening liyan. Ora amarga "gila hormat", nanging pancen ndadekake ayeme ati.Nanging sadurunge awake dhewe njaluk diajeni dening liyan,luwih dhisik kudu ngajeni marang wong liya. Kepriye carane? ya ing kene arep diandharake sethithik kepriye bisane awake dhewe diajeni, mesthi nganggo pathokan, salah sijine pathokan sing asring dienggo yakuwi Ajining Dhiri ana ing Lathi. Aji kuwi rega, dhiri duwe teges awake dhewe, dhiri pribadhi dene lathi kuwe tutuk, lambe, lesan, panggonane omongan lan ukara-ukara ing sajroning ati diwetokake. Dadi ajining dhiri ana ing lahi bisa ditegesi mangkene awake dhewe diajeni wong liya iku saka omongan utawa saka apa kang metu saka lesane. Wong sing cara ngomonge mbraok, braokan, ora nganggo tatanan, sekarepe dhewe, saru, seru, bisa bae mertandhani yen kapribadhene ala. Mula ora ana sing ngajeni marang dheweke.Yen nuju ana ing pakumpulan wong kaya mengkono marakake isin sing ngulatna. Beda karo yen ana wong kang gunemane tansah tumata, bisa nyenengake atine wong liya,basane alus, ulate sumeh, mesthi bae wong ing sakupenge bakal ngajeni lan ora wani sembrana.Saora-orane ora disepelekake dening wong liya. Yen dijak ana ing pakumpulan ora ngisin-isini. Banjur saliyane nganggo unggah-ungguh kang trep, ulat sumeh nyenengake, apa ana maneh paugerane wong omong kuwi? ya, saliyane unggah-ungguh, wong omong mono nganggo waton aja waton omong. Sadurunge metu saka tutuk, prayogane ukara-ukarane kang arep diwetokake dipikir dhisik, aja nganti nglarakake atining wong sing dijak omongan, miliha tembung-tembung sing kepenak dirungokake, lagu / intonasine uga dipikir, amarga satembung utawa saukara kang unine padha, yen diucapake nganggo intonasi utawa lagu kang beda, surasane nang ati ya beda.
Ukara kang diucapake karo nggetak-nggetak surasane beda karo yen diucapake karo mesem. Semono ukara kang anggone ngucapake nganggo tetembungan pinilih beda surasane yen anggone ngucapake nganggo tembung sakenane wae.
Mula bener ujaring winasis, yen sira ora bisa omong sing apik, luwih becik meneng, ora ana wong sing kedhuwung meneng, nanging akeh wong kang keduwung muni/ngucap/ omong. Mula becik banget yen awake dhewe tansah mawas dhiri ing babagan omongan, ngrumat kanugrahaning Allah kang awujud lambe, lesan, lathi utawa tutuk iki.
sawijingsore ingereng-erenge gunung,23102013

Jumat, 11 Oktober 2013

LEGENDA

  • DUMADINE SALATIGA Miturut crita, dhek jaman semana biyen, Adipati Semarang iku sugih bandha donya. Mula kuwi, Sunan Kalijaga pengin nguji Adipati Pandanarang II. Anggone nguji Adipati Pandhanarang II iku, Sunan Kalijaga dadi bakul suket. Saben suket sing dituku limang sen. Dhuwit iku dislempitake ana ing jero suket mau. Dening abdine ditemu lan diaturake marang Adipati pandanarang II. Adipati Pandanarang II banjur ndangu, “Geneya dhuwitmu kokselipake ing suketan, apa kowe ora butuh?” “Kula betah arta, nanging setungggal sen mawon sampun cekap, pramila tiyang niku ampun ngempalaken bandha kemawon.” Mireng ature wong ngarit mau, Adipati Pandnarang duka, awit bakul suket mau kumawani marang Adipati.” Kula pitados panjenengan ugi nyimpen mas inten ing pekawisan menika.” Adipati tambah duka, awit ora rumangsa nyimpen mas inten ing njeron pekarangan. Wong ngarit mau banjur macul lan nemu mas inten. Karo nudhuhake mas inten, sorot mripate wong ngarit mau katon mrebawani, njalari Adipati tumungkul sujud marang wong ngarit. Sawise dingendikani yen sejatine wong ngarit mau Sunan Kalijaga, banjur kepingin meguru.nanging ana sarate yen kepngin meguru, yaiku kudu ninggalake bandha donyane. Sang Adipati saguh, banjur enggal tindak menyang gunung Dwipa. Nyai Adipati uga ndherek, nanging amarga ngeman bandhane, kabeh mas inten dilebokake ana ing bumbung pring wulung sing kanggo teken. Mula tindake Nyai Adipati keri. Ana ing tengah ndalan Adipati lan Sunan Kalijaga dibegal dening rampok. Nanging dingendikani Sunan Kalijaga,menawa sing nggawa bandha dony iku wanita sing ana mburi. Mas inten dilebokake teken bumbung pring nggo teken. Para begal percaya, banjur mbegal nyai Adipati. Sedalan-dalan Nyai Adipati nangis wae, banjur dingendikani dening Sunan Kalijaga menawa kena maguru nanging kudu ninggalake bandha donya. Amarga ana wong telu sing salah, yaiku Adipati marang bakul suket, Nyai Adipati kang tansah mikir bandha donya lan begal sing ngrampok. Mula papan iku dijenengake Salah Tiga. Suwe-suwe wong- wong padha salah kaprah anggone nyebutake dadi Salatiga. (Hermawati Aprilia, )
  •  ASAL USUL SEMARANG Nalika semana, Kesultanan Demak dipimpin Pangeran Made Pandan. Pangeran Made Pandan kagungan putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijining dina, Pangeran Made Pandan lan putrane sarta para abdine lelana ngulon parane. Tekan sawijining alas gung liwang liwung, Pangeran Made Pandan leren banjur mbukak alas mau dienggo nenandur lan pomahan. Emane durung ngrasakake asile Pangeran Made Pandan seda. Sadurunge seda, Pangeran Made Pandan ninggal weling “Ngger anakku Pandan Arang,olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan sliramu ninggalake papan kene, amarga mengkone bakal dadi panggonan kang reja.” Pangeran Pandan Arang tansah eling welinge swargi bapake. Pancen temenan papan mau katon ijo royo-royo, subur lan makmur. Sawijining dina, ana kang aneh ing papan mau, Lemahe subur, nanging ana wit asem sing thukule arang-arang.Mula saka iku papan iki bakal dijenengi Semarang saka tembung asem kang arang-arang. ( Vita Gusfanti, VIIIH ) 
  •  LEGENDA KAWAH SIKIDANG Manut critane Kawah Sikidang dipercaya yen kawah kuwi mbiyene ana istana duweke sang ratu kang ayu rupane, arane Shinta Dewi. Ing sawijining dina, dheweke dilamar dening pangeran kang kabare sugih lan gagah. Nanging nyatane Shinta Dewi kuciwa, amarga pangeran kuwi nduweni awak manungsa lan sirahe rupa kidang. Arane Kidang Garungan. Mula ben ora gampang nglamar, Shinta Dewi nduweni siasat lan njaluk syarat. Syarate yaiku njaluk digawekake sumur kang jero lan gedhe banget ing kono. Wektu semono, sumure wis arep rampung, nanging Shinta Dewi karo para pengawale ngurug sumur kuwi. Kidang garungan melu kekurug ing sumur lan kekubur ing sajroning sumur. Kidang Garungan ngupaya supaya bisa metu saka sumur kuwi kanthi ngetokake kabeh kasektene. Sumur kuwi banjur njeblug kanthi panas lan lemahe horeg utawa gogrog. Amarga saking jengkele, Kidang Garungan sepata marang Shinta Dewi yen kabeh keturunane bakal nduweni rambut gembel. Mula ing tlatah Dieng misuwur anane upacara adat Cukur Rambut Gimbal. (Rahmah Hidayah, VIIIH) 
  • ASAL USULE TLAGA WARNA Miturut critane, telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening amarga kena sorot sunare srengenge iku telaga sing digawe pangeran calon mantu kanggo ratu. Rikala kuwi, ana loro pangeran sing arep diangkat dadi mantune. Mula banjur dibuka sayembara kanggo syarat salah sijine bisa dipek mantu. Sarate yaiku cepet-cepetan gawe tlaga. Nanging nalika ratu tindak-tindak, ratu pirsa ana telaga sing banyune katon tenang lan bening, ana cahyane amarga kesorot srengenge. Ratu banjur nggoleki pangeran kang nggoleki pangeran kang nggawe telaga kuwi, amarga arep didadekake garwane. Tundhone perkara sayembara kuwi dibatalake. Ratu lan pangeran urip rukun lan tentrem dianugerahi putri siji kang ayu rupane. Nalika semana ratu lan putrine lagi siram ana ing telaga, nanging slendang- slendange padha kabur kena angin lan tiba ing sajroning telaga. Slendhang mau nglunturi banyu telaga nganti banyune dadi warna warni. Mula saka kuwi telaga mau diarani TELAGA WARNA ( Yuanah Puspita, VIII H) LEGENDA DANAU TOBA Ing jaman kawuri ana wong kang gagah pideksa asmane Bathara Guru Sahala. Panjenengane kagungan kareman, karemane mancing. Nalika sawijining wektu panjenengane mancing, panjenengane entuk iwak gedhe banget, nanging dheweke kaget sakala, amerga iwake bisa ngomong. Iwake ngomong yen dheweke njaluk dibebasake. Bathara Guru ora minangkani panjaluke iwak, minangka gantine, iwak mau digawekake blumbang. Sawijining dina, iwak kuwi malih dadi wanita kang sulistya ing warna. Bathara guru pirsa, banjur kepranan penggalihe, semono uga wanita kuwi, basan weruh Bathara Guru seneng atine lan kayungyun marang panjenengane. Kekarone banjur kasih kinasihan. Bathara Guru ngersakake wanita kuwi dadi garwane, wanita kuwi gelem, sauger Bathara Guru bisa minangkani sarate. Sarate, Bathara Guru ora kene crita marang wong liya, yen dheweke kuwi manungsa malihan saka iwak. Bathara Guru nyaguhi panjaluke iwak mau. Sawise dadi garwane, kekarone urip tentrem lan diparingi putra loro. Dina kuwi Bathara Guru lagi ngolah lemah, panase ngenthak-enthak, wis sawetara awan, nanging anake sing biasane ngirim sega, wedang lan lawuhe durung teka. Ing batin bathara Guru banget mangkele. Tekane putrane ngirim sega, bathara Guru isoh mangkel. Saking ora kuwawa ngampet dukane, panjenengane ndukani putrane sing ngirim sega. Anggone duka nganti ketrucut ngendika nyebut yen ananke kuwi keturunan manungsa iwak. Putrane kelara-lara ora trima, nangis, banjur mlayu bali lapuran karo ibune. Garwane Bathara Guru pirsa putrane diunekake mengkono mau banjur duka yayah sinipi, panjenengane mangkel banget, amarga Bathara Guru mbenjani janjine. Saking mangkele si putri, gunung –gunung lan bumi padha horeg, gunung padha njeblug. Tilas panjebluge gunung kuwi arupa tlaga kang amba lan dijenengi DANAU TOBA. ( Rizkita A, VIII H) 
  • LEGENDA KUTHA SURABAYA LEGENDA GOA JATIJAJAR Dhek jaman mbiyen ing Bogor ana praja kang kuncara. Ratune jejulik Prabu Siliwangi. Prabu Siliwangi kagungan putra telu yaiku Banyak Cotro, Banyak Ngampar lan Banyak Blabur. Sawijining wektu Prabu Siliwangi nimbali putrane Banyak Cotro. Sang Prabu nedya nglengserake panguasane marang Banyak Cotro. Banyak cotro durung kersa awit rumasa durung cukup ngelmune lan uga durung krama. Panjenengane kagungan karep arep ngulandara njajah desa milang kori. Kanthi nyandhang lumrahe wong ndesa lan ganti asme Raden Kamandaka, banyak Cotro ngulandara nganti tekan ing Kadipaten Pasir Luhur. Panjenengane sinengkerake minangka putra dening sang Patih Reksanata. Nalika ana upacara anjarah iwak ing kali Legawa datan kanyana-nyana Raden Kamandaka ketemu karo Dewi Ciptarasa putra putrine panguwasa Pasir Luhur Adipati Kanandaha. Dasar Raden kamandaka bagus pasuryane lan Dewi Ciptarasa sulistya ing warna, kekarone duwe rasa tresna. Nanging Adipati Kamandanu ora sarujuk, banjur ngutus marang prajurite supaya nyekel Raden Kamandaka. Kanthi pitulungane Patih Reksanata, Raden Kamandaka bisa lolos saka pambujunge Prajurit Pasir Luhur. Panjenengane njegur ing kali. Prajurit Pasir Luhur ngira yen Raden kamandaka wis tumekeng pati. Sawise mangerteni yen Raden Kamandaka wis mati, Adipati Kanandaha bungah banget penggalihe, nanging Dewi Ciptarasa tansah banget nandhang sungkawa. Sawise njegur ing kali Raden Kamandaka keli ngantintekan ing desa Panagih. Ing kono Raden Kamandaka diaku anak karo mbok Randha Rehtosura. Mbok Randha duwe jago sing jenenge “ Mercu”. Raden Kamandaka seneng karo Mercu, sabanjure Raden Kamandaka seneng adu jago. Saben-saben diadu, Mercu tansah menang, mula Raden kamandaka kondhang kaloka nganti tekaning Kadipaten Pasr Luhur. Pawartane Raden Kamandaka nganti kepireng karo Adipati Kamandoho. Sang Adipati kebranang ing galih bareng uninga yen Raden kamandaka isih urip. Mula banjur utusan Silih Warni yaiku nom-noman kang arep magang prajurit Pasir Luhur. Dheweke bisa ditampa dadi prajurit lamun bisa nyekel Raden Kamandaka. Silih Warni sigra mangkat menyang Desa Panagih dikantheni para Prajurit Pasir Luhur. Silih Warni nantang Raden Kamandaka adu jago. Nalika jago lagi terung Silih Warni nubles bangkekane Raden Kamandaka nganggo keris Kujang saka mburi. Saka kasektene, Raden Kamandaka bisa mbrobos ilang saka Silih Warni, mula panggonan iku banjur diarani Desa Brobosan. Raden Kamandaka terus mlayu ngetan nganti tumeka panggonan kang buntu. Panggonan mau banjur dijenengi Buntu. Silih Warni sawadya balane terus ngoyak Raden Kamandaka. Raden Kamandaka terus mlayu nganti tekan ing gua. Ing kono Raden Kamandaka ngaso sawetara. Ora suwe banjur Silih Warni nututi tumeka ing gua iku. Silih Warni nantang perang tandhing karo Raden Kamandaka. Raden Kamandaka banjur ngakoni “Sejatine dudu Kamandaka, nanging Banyak Cotro putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar dadi wong lumrah” Kandhane Kamandaka. Silih Warni : “Apa bener?” Kamandaka :”Ya, bener, aku Banyak Cotro” Silih Warni :”Adhuh, Kakang kula kang rayi Banyak Ngampar. Rama ngutus aku supaya nggoleki Kakang.” Kalorone banjur rerangkulan. Papan kang minangka ketemune mau dijenengi Gua Jatijajar, methik saka tembung Pajajaran. ( Dina Nastiti, VIIIH) Diposkan oleh duritrifacani jawa di 08.28 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook LEGENDA DUMADINE SALATIGA Miturut crita, dhek jaman semana biyen, Adipati Semarang iku sugih bandha donya. Mula kuwi, Sunan Kalijaga pengin nguji Adipati Pandanarang II. Anggone nguji Adipati Pandhanarang II iku, Sunan Kalijaga dadi bakul suket. Saben suket sing dituku limang sen. Dhuwit iku dislempitake ana ing jero suket mau. Dening abdine ditemu lan diaturake marang Adipati pandanarang II. Adipati Pandanarang II banjur ndangu, “Geneya dhuwitmu kokselipake ing suketan, apa kowe ora butuh?” “Kula betah arta, nanging setungggal sen mawon sampun cekap, pramila tiyang niku ampun ngempalaken bandha kemawon.” Mireng ature wong ngarit mau, Adipati Pandnarang duka, awit bakul suket mau kumawani marang Adipati.” Kula pitados panjenengan ugi nyimpen mas inten ing pekawisan menika.” Adipati tambah duka, awit ora rumangsa nyimpen mas inten ing njeron pekarangan. Wong ngarit mau banjur macul lan nemu mas inten. Karo nudhuhake mas inten, sorot mripate wong ngarit mau katon mrebawani, njalari Adipati tumungkul sujud marang wong ngarit. Sawise dingendikani yen sejatine wong ngarit mau Sunan Kalijaga, banjur kepingin meguru.nanging ana sarate yen kepngin meguru, yaiku kudu ninggalake bandha donyane. Sang Adipati saguh, banjur enggal tindak menyang gunung Dwipa. Nyai Adipati uga ndherek, nanging amarga ngeman bandhane, kabeh mas inten dilebokake ana ing bumbung pring wulung sing kanggo teken. Mula tindake Nyai Adipati keri. Ana ing tengah ndalan Adipati lan Sunan Kalijaga dibegal dening rampok. Nanging dingendikani Sunan Kalijaga,menawa sing nggawa bandha dony iku wanita sing ana mburi. Mas inten dilebokake teken bumbung pring nggo teken. Para begal percaya, banjur mbegal nyai Adipati. Sedalan-dalan Nyai Adipati nangis wae, banjur dingendikani dening Sunan Kalijaga menawa kena maguru nanging kudu ninggalake bandha donya. Amarga ana wong telu sing salah, yaiku Adipati marang bakul suket, Nyai Adipati kang tansah mikir bandha donya lan begal sing ngrampok. Mula papan iku dijenengake Salah Tiga. Suwe-suwe wong- wong padha salah kaprah anggone nyebutake dadi Salatiga. (Hermawati Aprilia, ) 
  • ASAL USUL SEMARANG Nalika semana, Kesultanan Demak dipimpin Pangeran Made Pandan. Pangeran Made Pandan kagungan putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijining dina, Pangeran Made Pandan lan putrane sarta para abdine lelana ngulon parane. Tekan sawijining alas gung liwang liwung, Pangeran Made Pandan leren banjur mbukak alas mau dienggo nenandur lan pomahan. Emane durung ngrasakake asile Pangeran Made Pandan seda. Sadurunge seda, Pangeran Made Pandan ninggal weling “Ngger anakku Pandan Arang,olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan sliramu ninggalake papan kene, amarga mengkone bakal dadi panggonan kang reja.” Pangeran Pandan Arang tansah eling welinge swargi bapake. Pancen temenan papan mau katon ijo royo-royo, subur lan makmur. Sawijining dina, ana kang aneh ing papan mau, Lemahe subur, nanging ana wit asem sing thukule arang-arang.Mula saka iku papan iki bakal dijenengi Semarang saka tembung asem kang arang-arang. ( Vita Gusfanti, VIIIH ) 
  • LEGENDA KAWAH SIKIDANG Manut critane Kawah Sikidang dipercaya yen kawah kuwi mbiyene ana istana duweke sang ratu kang ayu rupane, arane Shinta Dewi. Ing sawijining dina, dheweke dilamar dening pangeran kang kabare sugih lan gagah. Nanging nyatane Shinta Dewi kuciwa, amarga pangeran kuwi nduweni awak manungsa lan sirahe rupa kidang. Arane Kidang Garungan. Mula ben ora gampang nglamar, Shinta Dewi nduweni siasat lan njaluk syarat. Syarate yaiku njaluk digawekake sumur kang jero lan gedhe banget ing kono. Wektu semono, sumure wis arep rampung, nanging Shinta Dewi karo para pengawale ngurug sumur kuwi. Kidang garungan melu kekurug ing sumur lan kekubur ing sajroning sumur. Kidang Garungan ngupaya supaya bisa metu saka sumur kuwi kanthi ngetokake kabeh kasektene. Sumur kuwi banjur njeblug kanthi panas lan lemahe horeg utawa gogrog. Amarga saking jengkele, Kidang Garungan sepata marang Shinta Dewi yen kabeh keturunane bakal nduweni rambut gembel. Mula ing tlatah Dieng misuwur anane upacara adat Cukur Rambut Gimbal. (Rahmah Hidayah, VIIIH) ASAL USULE TLAGA WARNA Miturut critane, telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening amarga kena sorot sunare srengenge iku telaga sing digawe pangeran calon mantu kanggo ratu. Rikala kuwi, ana loro pangeran sing arep diangkat dadi mantune. Mula banjur dibuka sayembara kanggo syarat salah sijine bisa dipek mantu. Sarate yaiku cepet-cepetan gawe tlaga. Nanging nalika ratu tindak-tindak, ratu pirsa ana telaga sing banyune katon tenang lan bening, ana cahyane amarga kesorot srengenge. Ratu banjur nggoleki pangeran kang nggoleki pangeran kang nggawe telaga kuwi, amarga arep didadekake garwane. Tundhone perkara sayembara kuwi dibatalake. Ratu lan pangeran urip rukun lan tentrem dianugerahi putri siji kang ayu rupane. Nalika semana ratu lan putrine lagi siram ana ing telaga, nanging slendang- slendange padha kabur kena angin lan tiba ing sajroning telaga. Slendhang mau nglunturi banyu telaga nganti banyune dadi warna warni. Mula saka kuwi telaga mau diarani TELAGA WARNA ( Yuanah Puspita, VIII H) LEGENDA DANAU TOBA Ing jaman kawuri ana wong kang gagah pideksa asmane Bathara Guru Sahala. Panjenengane kagungan kareman, karemane mancing. Nalika sawijining wektu panjenengane mancing, panjenengane entuk iwak gedhe banget, nanging dheweke kaget sakala, amerga iwake bisa ngomong. Iwake ngomong yen dheweke njaluk dibebasake. Bathara Guru ora minangkani panjaluke iwak, minangka gantine, iwak mau digawekake blumbang. Sawijining dina, iwak kuwi malih dadi wanita kang sulistya ing warna. Bathara guru pirsa, banjur kepranan penggalihe, semono uga wanita kuwi, basan weruh Bathara Guru seneng atine lan kayungyun marang panjenengane. Kekarone banjur kasih kinasihan. Bathara Guru ngersakake wanita kuwi dadi garwane, wanita kuwi gelem, sauger Bathara Guru bisa minangkani sarate. Sarate, Bathara Guru ora kene crita marang wong liya, yen dheweke kuwi manungsa malihan saka iwak. Bathara Guru nyaguhi panjaluke iwak mau. Sawise dadi garwane, kekarone urip tentrem lan diparingi putra loro. Dina kuwi Bathara Guru lagi ngolah lemah, panase ngenthak-enthak, wis sawetara awan, nanging anake sing biasane ngirim sega, wedang lan lawuhe durung teka. Ing batin bathara Guru banget mangkele. Tekane putrane ngirim sega, bathara Guru isoh mangkel. Saking ora kuwawa ngampet dukane, panjenengane ndukani putrane sing ngirim sega. Anggone duka nganti ketrucut ngendika nyebut yen ananke kuwi keturunan manungsa iwak. Putrane kelara-lara ora trima, nangis, banjur mlayu bali lapuran karo ibune. Garwane Bathara Guru pirsa putrane diunekake mengkono mau banjur duka yayah sinipi, panjenengane mangkel banget, amarga Bathara Guru mbenjani janjine. Saking mangkele si putri, gunung –gunung lan bumi padha horeg, gunung padha njeblug. Tilas panjebluge gunung kuwi arupa tlaga kang amba lan dijenengi DANAU TOBA. ( Rizkita A, VIII H) 
  • LEGENDA KUTHA SURABAYA LEGENDA GOA JATIJAJAR Dhek jaman mbiyen ing Bogor ana praja kang kuncara. Ratune jejulik Prabu Siliwangi. Prabu Siliwangi kagungan putra telu yaiku Banyak Cotro, Banyak Ngampar lan Banyak Blabur. Sawijining wektu Prabu Siliwangi nimbali putrane Banyak Cotro. Sang Prabu nedya nglengserake panguasane marang Banyak Cotro. Banyak cotro durung kersa awit rumasa durung cukup ngelmune lan uga durung krama. Panjenengane kagungan karep arep ngulandara njajah desa milang kori. Kanthi nyandhang lumrahe wong ndesa lan ganti asme Raden Kamandaka, banyak Cotro ngulandara nganti tekan ing Kadipaten Pasir Luhur. Panjenengane sinengkerake minangka putra dening sang Patih Reksanata. Nalika ana upacara anjarah iwak ing kali Legawa datan kanyana-nyana Raden Kamandaka ketemu karo Dewi Ciptarasa putra putrine panguwasa Pasir Luhur Adipati Kanandaha. Dasar Raden kamandaka bagus pasuryane lan Dewi Ciptarasa sulistya ing warna, kekarone duwe rasa tresna. Nanging Adipati Kamandanu ora sarujuk, banjur ngutus marang prajurite supaya nyekel Raden Kamandaka. Kanthi pitulungane Patih Reksanata, Raden Kamandaka bisa lolos saka pambujunge Prajurit Pasir Luhur. Panjenengane njegur ing kali. Prajurit Pasir Luhur ngira yen Raden kamandaka wis tumekeng pati. Sawise mangerteni yen Raden Kamandaka wis mati, Adipati Kanandaha bungah banget penggalihe, nanging Dewi Ciptarasa tansah banget nandhang sungkawa. Sawise njegur ing kali Raden Kamandaka keli ngantintekan ing desa Panagih. Ing kono Raden Kamandaka diaku anak karo mbok Randha Rehtosura. Mbok Randha duwe jago sing jenenge “ Mercu”. Raden Kamandaka seneng karo Mercu, sabanjure Raden Kamandaka seneng adu jago. Saben-saben diadu, Mercu tansah menang, mula Raden kamandaka kondhang kaloka nganti tekaning Kadipaten Pasr Luhur. Pawartane Raden Kamandaka nganti kepireng karo Adipati Kamandoho. Sang Adipati kebranang ing galih bareng uninga yen Raden kamandaka isih urip. Mula banjur utusan Silih Warni yaiku nom-noman kang arep magang prajurit Pasir Luhur. Dheweke bisa ditampa dadi prajurit lamun bisa nyekel Raden Kamandaka. Silih Warni sigra mangkat menyang Desa Panagih dikantheni para Prajurit Pasir Luhur. Silih Warni nantang Raden Kamandaka adu jago. Nalika jago lagi terung Silih Warni nubles bangkekane Raden Kamandaka nganggo keris Kujang saka mburi. Saka kasektene, Raden Kamandaka bisa mbrobos ilang saka Silih Warni, mula panggonan iku banjur diarani Desa Brobosan. Raden Kamandaka terus mlayu ngetan nganti tumeka panggonan kang buntu. Panggonan mau banjur dijenengi Buntu. Silih Warni sawadya balane terus ngoyak Raden Kamandaka. Raden Kamandaka terus mlayu nganti tekan ing gua. Ing kono Raden Kamandaka ngaso sawetara. Ora suwe banjur Silih Warni nututi tumeka ing gua iku. Silih Warni nantang perang tandhing karo Raden Kamandaka. Raden Kamandaka banjur ngakoni “Sejatine dudu Kamandaka, nanging Banyak Cotro putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar dadi wong lumrah” Kandhane Kamandaka. Silih Warni : “Apa bener?” Kamandaka :”Ya, bener, aku Banyak Cotro” Silih Warni :”Adhuh, Kakang kula kang rayi Banyak Ngampar. Rama ngutus aku supaya nggoleki Kakang.” Kalorone banjur rerangkulan. Papan kang minangka ketemune mau dijenengi Gua Jatijajar, methik saka tembung Pajajaran. ( Dina Nastiti, VIIIH) Diposkan oleh duritrifacani jawa di 08.28 Tidak ada komentar: Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke Facebook 
  • LEGENDA DUMADINE SALATIGA Miturut crita, dhek jaman semana biyen, Adipati Semarang iku sugih bandha donya. Mula kuwi, Sunan Kalijaga pengin nguji Adipati Pandanarang II. Anggone nguji Adipati Pandhanarang II iku, Sunan Kalijaga dadi bakul suket. Saben suket sing dituku limang sen. Dhuwit iku dislempitake ana ing jero suket mau. Dening abdine ditemu lan diaturake marang Adipati pandanarang II. Adipati Pandanarang II banjur ndangu, “Geneya dhuwitmu kokselipake ing suketan, apa kowe ora butuh?” “Kula betah arta, nanging setungggal sen mawon sampun cekap, pramila tiyang niku ampun ngempalaken bandha kemawon.” Mireng ature wong ngarit mau, Adipati Pandnarang duka, awit bakul suket mau kumawani marang Adipati.” Kula pitados panjenengan ugi nyimpen mas inten ing pekawisan menika.” Adipati tambah duka, awit ora rumangsa nyimpen mas inten ing njeron pekarangan. Wong ngarit mau banjur macul lan nemu mas inten. Karo nudhuhake mas inten, sorot mripate wong ngarit mau katon mrebawani, njalari Adipati tumungkul sujud marang wong ngarit. Sawise dingendikani yen sejatine wong ngarit mau Sunan Kalijaga, banjur kepingin meguru.nanging ana sarate yen kepngin meguru, yaiku kudu ninggalake bandha donyane. Sang Adipati saguh, banjur enggal tindak menyang gunung Dwipa. Nyai Adipati uga ndherek, nanging amarga ngeman bandhane, kabeh mas inten dilebokake ana ing bumbung pring wulung sing kanggo teken. Mula tindake Nyai Adipati keri. Ana ing tengah ndalan Adipati lan Sunan Kalijaga dibegal dening rampok. Nanging dingendikani Sunan Kalijaga,menawa sing nggawa bandha dony iku wanita sing ana mburi. Mas inten dilebokake teken bumbung pring nggo teken. Para begal percaya, banjur mbegal nyai Adipati. Sedalan-dalan Nyai Adipati nangis wae, banjur dingendikani dening Sunan Kalijaga menawa kena maguru nanging kudu ninggalake bandha donya. Amarga ana wong telu sing salah, yaiku Adipati marang bakul suket, Nyai Adipati kang tansah mikir bandha donya lan begal sing ngrampok. Mula papan iku dijenengake Salah Tiga. Suwe-suwe wong- wong padha salah kaprah anggone nyebutake dadi Salatiga. (Hermawati Aprilia, )
  •  ASAL USUL SEMARANG Nalika semana, Kesultanan Demak dipimpin Pangeran Made Pandan. Pangeran Made Pandan kagungan putra arane Pangeran Pandan Arang. Sawijining dina, Pangeran Made Pandan lan putrane sarta para abdine lelana ngulon parane. Tekan sawijining alas gung liwang liwung, Pangeran Made Pandan leren banjur mbukak alas mau dienggo nenandur lan pomahan. Emane durung ngrasakake asile Pangeran Made Pandan seda. Sadurunge seda, Pangeran Made Pandan ninggal weling “Ngger anakku Pandan Arang,olahen papan iki kanthi temen. Aja pisan-pisan sliramu ninggalake papan kene, amarga mengkone bakal dadi panggonan kang reja.” Pangeran Pandan Arang tansah eling welinge swargi bapake. Pancen temenan papan mau katon ijo royo-royo, subur lan makmur. Sawijining dina, ana kang aneh ing papan mau, Lemahe subur, nanging ana wit asem sing thukule arang-arang.Mula saka iku papan iki bakal dijenengi Semarang saka tembung asem kang arang-arang. ( Vita Gusfanti, VIIIH ) 
  • LEGENDA KAWAH SIKIDANG Manut critane Kawah Sikidang dipercaya yen kawah kuwi mbiyene ana istana duweke sang ratu kang ayu rupane, arane Shinta Dewi. Ing sawijining dina, dheweke dilamar dening pangeran kang kabare sugih lan gagah. Nanging nyatane Shinta Dewi kuciwa, amarga pangeran kuwi nduweni awak manungsa lan sirahe rupa kidang. Arane Kidang Garungan. Mula ben ora gampang nglamar, Shinta Dewi nduweni siasat lan njaluk syarat. Syarate yaiku njaluk digawekake sumur kang jero lan gedhe banget ing kono. Wektu semono, sumure wis arep rampung, nanging Shinta Dewi karo para pengawale ngurug sumur kuwi. Kidang garungan melu kekurug ing sumur lan kekubur ing sajroning sumur. Kidang Garungan ngupaya supaya bisa metu saka sumur kuwi kanthi ngetokake kabeh kasektene. Sumur kuwi banjur njeblug kanthi panas lan lemahe horeg utawa gogrog. Amarga saking jengkele, Kidang Garungan sepata marang Shinta Dewi yen kabeh keturunane bakal nduweni rambut gembel. Mula ing tlatah Dieng misuwur anane upacara adat Cukur Rambut Gimbal. (Rahmah Hidayah, VIIIH) 
  • ASAL USULE TLAGA WARNA Miturut critane, telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening amarga kena sorot sunare srengenge iku telaga sing digawe pangeran calon mantu kanggo ratu. Rikala kuwi, ana loro pangeran sing arep diangkat dadi mantune. Mula banjur dibuka sayembara kanggo syarat salah sijine bisa dipek mantu. Sarate yaiku cepet-cepetan gawe tlaga. Nanging nalika ratu tindak-tindak, ratu pirsa ana telaga sing banyune katon tenang lan bening, ana cahyane amarga kesorot srengenge. Ratu banjur nggoleki pangeran kang nggoleki pangeran kang nggawe telaga kuwi, amarga arep didadekake garwane. Tundhone perkara sayembara kuwi dibatalake. Ratu lan pangeran urip rukun lan tentrem dianugerahi putri siji kang ayu rupane. Nalika semana ratu lan putrine lagi siram ana ing telaga, nanging slendang- slendange padha kabur kena angin lan tiba ing sajroning telaga. Slendhang mau nglunturi banyu telaga nganti banyune dadi warna warni. Mula saka kuwi telaga mau diarani TELAGA WARNA ( Yuanah Puspita, VIII H) 
  • LEGENDA DANAU TOBA Ing jaman kawuri ana wong kang gagah pideksa asmane Bathara Guru Sahala. Panjenengane kagungan kareman, karemane mancing. Nalika sawijining wektu panjenengane mancing, panjenengane entuk iwak gedhe banget, nanging dheweke kaget sakala, amerga iwake bisa ngomong. Iwake ngomong yen dheweke njaluk dibebasake. Bathara Guru ora minangkani panjaluke iwak, minangka gantine, iwak mau digawekake blumbang. Sawijining dina, iwak kuwi malih dadi wanita kang sulistya ing warna. Bathara guru pirsa, banjur kepranan penggalihe, semono uga wanita kuwi, basan weruh Bathara Guru seneng atine lan kayungyun marang panjenengane. Kekarone banjur kasih kinasihan. Bathara Guru ngersakake wanita kuwi dadi garwane, wanita kuwi gelem, sauger Bathara Guru bisa minangkani sarate. Sarate, Bathara Guru ora kene crita marang wong liya, yen dheweke kuwi manungsa malihan saka iwak. Bathara Guru nyaguhi panjaluke iwak mau. Sawise dadi garwane, kekarone urip tentrem lan diparingi putra loro. Dina kuwi Bathara Guru lagi ngolah lemah, panase ngenthak-enthak, wis sawetara awan, nanging anake sing biasane ngirim sega, wedang lan lawuhe durung teka. Ing batin bathara Guru banget mangkele. Tekane putrane ngirim sega, bathara Guru isoh mangkel. Saking ora kuwawa ngampet dukane, panjenengane ndukani putrane sing ngirim sega. Anggone duka nganti ketrucut ngendika nyebut yen ananke kuwi keturunan manungsa iwak. Putrane kelara-lara ora trima, nangis, banjur mlayu bali lapuran karo ibune. Garwane Bathara Guru pirsa putrane diunekake mengkono mau banjur duka yayah sinipi, panjenengane mangkel banget, amarga Bathara Guru mbenjani janjine. Saking mangkele si putri, gunung –gunung lan bumi padha horeg, gunung padha njeblug. Tilas panjebluge gunung kuwi arupa tlaga kang amba lan dijenengi DANAU TOBA. ( Rizkita A, VIII H) 
  • LEGENDA KUTHA SURABAYA 
  • LEGENDA GOA JATIJAJAR Dhek jaman mbiyen ing Bogor ana praja kang kuncara. Ratune jejulik Prabu Siliwangi. Prabu Siliwangi kagungan putra telu yaiku Banyak Cotro, Banyak Ngampar lan Banyak Blabur. Sawijining wektu Prabu Siliwangi nimbali putrane Banyak Cotro. Sang Prabu nedya nglengserake panguasane marang Banyak Cotro. Banyak cotro durung kersa awit rumasa durung cukup ngelmune lan uga durung krama. Panjenengane kagungan karep arep ngulandara njajah desa milang kori. Kanthi nyandhang lumrahe wong ndesa lan ganti asme Raden Kamandaka, banyak Cotro ngulandara nganti tekan ing Kadipaten Pasir Luhur. Panjenengane sinengkerake minangka putra dening sang Patih Reksanata. Nalika ana upacara anjarah iwak ing kali Legawa datan kanyana-nyana Raden Kamandaka ketemu karo Dewi Ciptarasa putra putrine panguwasa Pasir Luhur Adipati Kanandaha. Dasar Raden kamandaka bagus pasuryane lan Dewi Ciptarasa sulistya ing warna, kekarone duwe rasa tresna. Nanging Adipati Kamandanu ora sarujuk, banjur ngutus marang prajurite supaya nyekel Raden Kamandaka. Kanthi pitulungane Patih Reksanata, Raden Kamandaka bisa lolos saka pambujunge Prajurit Pasir Luhur. Panjenengane njegur ing kali. Prajurit Pasir Luhur ngira yen Raden kamandaka wis tumekeng pati. Sawise mangerteni yen Raden Kamandaka wis mati, Adipati Kanandaha bungah banget penggalihe, nanging Dewi Ciptarasa tansah banget nandhang sungkawa. Sawise njegur ing kali Raden Kamandaka keli ngantintekan ing desa Panagih. Ing kono Raden Kamandaka diaku anak karo mbok Randha Rehtosura. Mbok Randha duwe jago sing jenenge “ Mercu”. Raden Kamandaka seneng karo Mercu, sabanjure Raden Kamandaka seneng adu jago. Saben-saben diadu, Mercu tansah menang, mula Raden kamandaka kondhang kaloka nganti tekaning Kadipaten Pasr Luhur. Pawartane Raden Kamandaka nganti kepireng karo Adipati Kamandoho. Sang Adipati kebranang ing galih bareng uninga yen Raden kamandaka isih urip. Mula banjur utusan Silih Warni yaiku nom-noman kang arep magang prajurit Pasir Luhur. Dheweke bisa ditampa dadi prajurit lamun bisa nyekel Raden Kamandaka. Silih Warni sigra mangkat menyang Desa Panagih dikantheni para Prajurit Pasir Luhur. Silih Warni nantang Raden Kamandaka adu jago. Nalika jago lagi terung Silih Warni nubles bangkekane Raden Kamandaka nganggo keris Kujang saka mburi. Saka kasektene, Raden Kamandaka bisa mbrobos ilang saka Silih Warni, mula panggonan iku banjur diarani Desa Brobosan. Raden Kamandaka terus mlayu ngetan nganti tumeka panggonan kang buntu. Panggonan mau banjur dijenengi Buntu. Silih Warni sawadya balane terus ngoyak Raden Kamandaka. Raden Kamandaka terus mlayu nganti tekan ing gua. Ing kono Raden Kamandaka ngaso sawetara. Ora suwe banjur Silih Warni nututi tumeka ing gua iku. Silih Warni nantang perang tandhing karo Raden Kamandaka. Raden Kamandaka banjur ngakoni “Sejatine dudu Kamandaka, nanging Banyak Cotro putra Prabu Siliwangi ing Pajajaran. Aku lagi nyamar dadi wong lumrah” Kandhane Kamandaka. Silih Warni : “Apa bener?” Kamandaka :”Ya, bener, aku Banyak Cotro” Silih Warni :”Adhuh, Kakang kula kang rayi Banyak Ngampar. Rama ngutus aku supaya nggoleki Kakang.” Kalorone banjur rerangkulan. Papan kang minangka ketemune mau dijenengi Gua Jatijajar, methik saka tembung Pajajaran. ( Dina Nastiti, VIIIH)

SEKAR MACAPAT

Dhandhanggula
Yogyanira kang para prajurit// lamun bisa sami anuladha// duk ing nguni caritane// andelira sang prabu// Sasrabau ing Maespati// aran Patih Suwanda// lelabuhanipun// kang ginelung triprakara// kaya guna purun kang den antepi// nuhoni trah utama// Wonten malih tuladhan prayogi// satriya gung negari Ngalengka// Sang Kumbakarna asmane// tur iku warna diyu// suprandene nggayuh utami// duk prang ing Ngalengka// denya darbe atur// Mring raka mrih raharja// Dasamuka tan keguh ing atur yekti// Dememungsuh ing wanara//

Gambuh
Sekar gambuh ping catur // Kang cinatur polah kang kalantur// Tanpa tutur katula-tula katali // kadaluwarsa katutuh //
Kapatuh pan dadi awon.

Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku // Lekase lawan kas // Tegese kas nyantosani // Setya budya pangekesing dur angkara.
Mijil
Poma kaki padha dipun eling // ing pitutur ing ngong // sira uga satriya arane // kudu anteng jatmika ing budi // ruruh sarta wasis// samubarangipun.

Salugune wong ngurip puniki // Laku andhap asor // Angedohken durake mesthine // Marang wong tuwa kudu ngajeni // Eling mring Hyang suksma //Tumindak tumungkul.
 

Kinanthi
Dadiya lakunireku // Cegah dhahar lawan guling // Lan aja asukan sukan // Anganggowa sawatawis // Ala watake wong suka // Nyuda prayitnaning batin.

Padha gulangen ing kalbu // Ing sasmita amrih lantip // Aja pijer mangan nendra // Kaprawiran den kaesthi // Pesunen sariranira // Sudanen dhahar lan guling.   

Asmarandana
Nora gampang wong ngaurip // Yen tan weruh urip ira// Uripe padha lan kebo // Alung kebo dagingipun // Khalal yen pinanganan // Pan manungsa dagingipun // yen pinangan mesthi karam.


    

CERKAK

Talang
 Sapa wong sing dhadhane ora mengkab-mengkab yen duwe tangga babarpisan ora duwe tepa slira? sakarepe dhewe tur menangan.Anane mung wani rame, yen dijak rembugan pungkasane mung tukaran. Blas ora duwe isin marang tangga liyane, bener salah mung nyirik.Sasabar-sabare wong mesthi duwe rasa mangkel ing dhadha.
Wis dadi padatane, yen mangsa rendheng omahe Pak Sukri dadi kali ana njero ngomah.Apa maneh yen udan deres, amrih banyu ora mbanjiri ruwang tamu, Pak Sukri wis gawe tanggul saka gombal-gombal tilas klambi amoh. Njur kudu tlaten meres banyu menyang ember lan ngguwak menyang njaban omah. Lucu ta? Kamangka omah kuwi yen disawang saka  njaba mujudake omah kang resik, endah tur anyep tumrap wong sing ngrasakna. Saben tamu mlebu omah komentare " omah iki anyep". ora ngira yen wis mangsa rendheng teka. dhadhane Pak Sukri panas lan ngempet ngenes.
Rong wulan kepungkur Pak Min tangga iringan omah sing nuku daleme mbah cilike Pak Sukri dumadakan ngaturi Pak Sukri jare arep ngejak omongan penting. Kaya aa bledheg nyamber ana ndhuwur sirah kaya ngapa kagete Pak Sukri nalika Pak Min nuduhake sertifikat omah:
  "Iki lho,  Pak Sukri. Jebul olehku tuku omah ki kok aneh bareng dak sinaoni sertifikate mosok sisih kulon aku ora nduwe tembok, bareng sing kidul awakmu sing ora nduwe tembok. Yen kahanane ngene ateges awake dhewe yen mbangun omah kudu bareng ben bisa sarujuk....." Mengkono  katrangan sing diwenwhake Pak Min marang Pak Sukri karo ndudohake gambar sertifikat omah. Pak Sukri sing ora ngira bakal  di jal rembugan babagan omah, mlongo. Ora mlongo ki piye? Pak Sukri paham banget babagan kahanan omah loro iki, awit dheweke gedhe ana omah iki. Wiwit cilikdigulawenthah ibune ana omah iki lan saben dina dheweke ora ngalih saka omahe mbah cilike. Ladhalah..... tak ngerteni tembok omah mburi kuwi sing nggawe ya ibune. Isih kelingan nalika mbah cilike dadi carik kegubet perkara utang piutang, ibune sing mutung. wengi iku mbah cilik kandha marang ibune.
" Ndhuk Lastri, penk-penakan wae ya. Amrih genahe petung saiki lemah mburi dadi duwekanmu. Dadi sing manut tembok aku ya....."
" Inggih, Mbah, kados kaliyan sinten mawin wongkalh putrane kiyambak." semaure ibu entheng.
Mbah cilik ora kagungan putra, nanging ngangkat ponakane dai putrane. Bareng mbah cilik seda, warisan dalem sing dadi panguwas ya putra angkate. Nanging babar pisan keluwarga Pak Sukri ora ngira, nalika putra angkat mau walik asma sertifikat, kahanan tembok mburi kuwi owah. Pak Sukri ngerti ya lag seminggu kepungkur diwenehi weruh sing nduwe omah saiki.
"Le, kepiye penke babagan tembok mburi kuwi? Awake dhewe kongkon gawe tembok maneh. Kamangka awkamu ngerti dhewe, kabeh mau sing ngasta suwargi ibu lan Bapak, talang barang sing masang ya keluwargane dhewe. piye penake, Le........................ apa diperkarakne?" Pak Sukri mulih langsung tilpun adhine sing dadi pengacara.
"Mas babagan lemah warisan kuwi ganas aja digawe perkara. Tenan! Kabeh mau sing salah dudu Pak Min, nanging dulurmu lanang sing ngedol omah kuwi. Mula perlu digawe rame. Ya yen duwe dhuwit mengko tuku bata lan omahe didandani." Semaure adhine ngeyem-yem atine kangmase.
Nanging diapak-apakne sing manggon omah warisan kuwi Pak Sukri, sing menangi kahanan saben dinane ya dheweke. Mula sing bisa ngrasakne ya Pak Sukri. Apa maneh yen mangsa rendheg ngene iki. Pak Min babar pisan ora gelem mikir yen banyu guwakan gendhenge playune menyang omahe Pak Sukri. Talang sing lawas wiwit bocor-bocor lan nggrajag menyang kamar shalatan. Sak liyane kuwi banyu mlebu menyang kamar mandhi ndadekake pyan omah jebol kabeh. Saben Pak Sukri nggenahake kahanan mau jawabane entheng.
"Aku durung duwe dhuwit, Pak Sukri ya wis nyeluk tukang, dandanana mengko enteke pira dipara gapit...."
"Mekaten, Pak Min?"
"Ya. Aku iki wong repot. Yen olehky nyambut gawe prei sedina ya rugi. Tulungana awakmu sing ora nyambut gawe isa nunggoni tukang."Semaure Pak Min nylekit. Jan tenan! Pak Sukri ngelus dhadha. Nanging amarga kang kerep kebanjiran grajagan talang kuwi omahe, mula Pak Sukri ngalah. Dheweke nyeluk tukang, tuku bahan bangunan,talang, paku lan liya-liyane. Banyu talang sing dawane rolas meter kuwi didandani. Mung telung dina olehe dandan wis rampung, nanging Pak Sukri anyel atine dening Pak Min, bareng dijak totalan jebul malik ilat.
"Durung duwe dhuwit!" mung kuwi semaure Pak Min saben dijak petung. Suwene suwe Pak Sukri karo bojone pilih meneng. Ikhlas marang kahanane.
Pungkasane kahanan, wis sesasi iki saka omahe Pak Min keprungu swara dhag -dhug thuthuk-thuthuk kayu lan ndhudhah lemah. Embuh dandan-dandan apa Pak Sukri ora ngerti. Babar pisan ora ana warta saka Pak Min.Arep nginceng, Pak Sukri karo bojone ora kepenak atine. Apa maneh Pak Min nyata-nyata ora menehi pawarta babar pisan,
                                              *********
Wengi iku Pak Sukri kaget nalika garwane katon gupuh bali saka arisan ibu- ibu.
      " Pak.....Pak....!"
     " Ana apa, ta, Bu? Kok sajak gupuh banget...." Bojone sing ayu kuwi disawang kanthi anteb. Sawise Bu Sukri lenggah ing sandhinge banjur crita.
     " Pak jane ta olehe mikir Pak Min kuwi? Dijaluki urunan pasang talang wae munine ora duwe dhuwit, jebul saiki malah gawe omah tingkat ing plataran iringan omah sing suwung kuwi...."lambe abang mingir-mingir duweke Bu Sukri kuwi mbesengut. Krungu pawarta sing digawa bojone, alise Pak Sukri gathuk Dadi swara dhag-dhug sasuwene iki jebul Pak Min gawe omah tingkat? Pk Sukri unjal ambegan dawa. Kanggo masang talang guwakan banyu omahe dhewe wae eman, kamangka nyengsarakne tanggane...Ateges guwakan banyu mujur ngalor ngidul njur playune menyang ngendi? Apa ditalang njero? Utege Pak Sukri ngganjret.
     Sesuke dheweke munggah platar pemehan omah ndhuwur. Saka jendhela dheweke nyawang ngalor, yen biyen kamar telu ndhuwur kuwi nduweni pemandangan kang endah, saiki ketutup tembok dhuwur omahe Pak Min singkahanane luwih dhuwur. Pak Sukri uga bisa ngetung, iki mengko playune banyu saka talang mburiomah lan talange Pak Min tempuk ana talang omah mburi, yen udan deres bisa uga mbudag lan mbanjiri kamar sepen.
    Pak Sukri thenger-thenger ana plateran omah ndhuwur. Oleh warisan omah saka wong tuwa ing kudune bisa nggulawenthah wae ora bisa amarga kahanan ekonomine kang ruwet.Kamar ndhuwur sing aran loteng iku babar pisan ora kopen. Arep dikostne marang bocah sekolah ora patut, amarga ana ndhuwur durung ana kamar mandhine. Arep gawe kamar mandhi durung ana dhuwit sing bisa dicanthelake....
     Pak Sukri wis tuwa, olehe nyambut gawe wis leren amarga katerak penyakit mripate kabur. Biyen isih bisa bakul klambi menyang Pasar Pon, bareng saiki dheweke mung bisa pasrah marang rejekine sing wedok. Arep ndandakna mripat operasi wae ora duwe dana.
    Setengah dina dheweke mung thenger-thenger ana ndhuwur. Bareng mendhung teka, Pak Sukri enggal medhun. Yen mendhunge ceblok, wis bisa dimesthekake yen omahe banjir ana njero omah. talang sing kulon wis didandani, nanging sing mburi durung kecandhak amarga dana sing minim.
    Udan angin athik nganggo deres. Kaya padatane Pak Sukri wis nyepakake gombal-gombal amoh kanggo gawe tanggul ben banyu ora mbanjiri ruwang tamu.
   "Pak sajake wis wayahe ngrenovasi omah. Yen ora ndang direnovasi suwe-suwe omahe ambleg merga dadi guwakan banyune tangga...Utamane talang-talang kudu diganti kabeh, gorong-gorong dibenahi, ditata maneh,"swarane bojone kaya mbenging ing kupinge. Mripate nyawang iline banyu sing ngrembes deres liwat iringan tembok. Disawang playune banyu sing golek papan sing luwih endhek kuwi. Banyu mbentuk kaya kali cilik banjur mlebu lawangan jedhing. Ana utege mung mikir, piye carane golek dhuwit kanggo ndandani omah. Yen saiki, dheweke mung bisa ndandani atine sing kemrungsung murih dadi wong sabar lan nrima. Pak Sukri ora bisa ndandani atine tanggane. Iline banyu sing mbanjiri omah disawang kanthi ikhas...pasrah marang sing gawe urip.***
                        Kaanggit dening Ari Nurdiana, PS No 21-25 Mei 2013