kalakone panjangka nganggo jumangkah

bisaa rumangsa aja rumangsa bisa

Jumat, 11 Oktober 2013

CERKAK

Talang
 Sapa wong sing dhadhane ora mengkab-mengkab yen duwe tangga babarpisan ora duwe tepa slira? sakarepe dhewe tur menangan.Anane mung wani rame, yen dijak rembugan pungkasane mung tukaran. Blas ora duwe isin marang tangga liyane, bener salah mung nyirik.Sasabar-sabare wong mesthi duwe rasa mangkel ing dhadha.
Wis dadi padatane, yen mangsa rendheng omahe Pak Sukri dadi kali ana njero ngomah.Apa maneh yen udan deres, amrih banyu ora mbanjiri ruwang tamu, Pak Sukri wis gawe tanggul saka gombal-gombal tilas klambi amoh. Njur kudu tlaten meres banyu menyang ember lan ngguwak menyang njaban omah. Lucu ta? Kamangka omah kuwi yen disawang saka  njaba mujudake omah kang resik, endah tur anyep tumrap wong sing ngrasakna. Saben tamu mlebu omah komentare " omah iki anyep". ora ngira yen wis mangsa rendheng teka. dhadhane Pak Sukri panas lan ngempet ngenes.
Rong wulan kepungkur Pak Min tangga iringan omah sing nuku daleme mbah cilike Pak Sukri dumadakan ngaturi Pak Sukri jare arep ngejak omongan penting. Kaya aa bledheg nyamber ana ndhuwur sirah kaya ngapa kagete Pak Sukri nalika Pak Min nuduhake sertifikat omah:
  "Iki lho,  Pak Sukri. Jebul olehku tuku omah ki kok aneh bareng dak sinaoni sertifikate mosok sisih kulon aku ora nduwe tembok, bareng sing kidul awakmu sing ora nduwe tembok. Yen kahanane ngene ateges awake dhewe yen mbangun omah kudu bareng ben bisa sarujuk....." Mengkono  katrangan sing diwenwhake Pak Min marang Pak Sukri karo ndudohake gambar sertifikat omah. Pak Sukri sing ora ngira bakal  di jal rembugan babagan omah, mlongo. Ora mlongo ki piye? Pak Sukri paham banget babagan kahanan omah loro iki, awit dheweke gedhe ana omah iki. Wiwit cilikdigulawenthah ibune ana omah iki lan saben dina dheweke ora ngalih saka omahe mbah cilike. Ladhalah..... tak ngerteni tembok omah mburi kuwi sing nggawe ya ibune. Isih kelingan nalika mbah cilike dadi carik kegubet perkara utang piutang, ibune sing mutung. wengi iku mbah cilik kandha marang ibune.
" Ndhuk Lastri, penk-penakan wae ya. Amrih genahe petung saiki lemah mburi dadi duwekanmu. Dadi sing manut tembok aku ya....."
" Inggih, Mbah, kados kaliyan sinten mawin wongkalh putrane kiyambak." semaure ibu entheng.
Mbah cilik ora kagungan putra, nanging ngangkat ponakane dai putrane. Bareng mbah cilik seda, warisan dalem sing dadi panguwas ya putra angkate. Nanging babar pisan keluwarga Pak Sukri ora ngira, nalika putra angkat mau walik asma sertifikat, kahanan tembok mburi kuwi owah. Pak Sukri ngerti ya lag seminggu kepungkur diwenehi weruh sing nduwe omah saiki.
"Le, kepiye penke babagan tembok mburi kuwi? Awake dhewe kongkon gawe tembok maneh. Kamangka awkamu ngerti dhewe, kabeh mau sing ngasta suwargi ibu lan Bapak, talang barang sing masang ya keluwargane dhewe. piye penake, Le........................ apa diperkarakne?" Pak Sukri mulih langsung tilpun adhine sing dadi pengacara.
"Mas babagan lemah warisan kuwi ganas aja digawe perkara. Tenan! Kabeh mau sing salah dudu Pak Min, nanging dulurmu lanang sing ngedol omah kuwi. Mula perlu digawe rame. Ya yen duwe dhuwit mengko tuku bata lan omahe didandani." Semaure adhine ngeyem-yem atine kangmase.
Nanging diapak-apakne sing manggon omah warisan kuwi Pak Sukri, sing menangi kahanan saben dinane ya dheweke. Mula sing bisa ngrasakne ya Pak Sukri. Apa maneh yen mangsa rendheg ngene iki. Pak Min babar pisan ora gelem mikir yen banyu guwakan gendhenge playune menyang omahe Pak Sukri. Talang sing lawas wiwit bocor-bocor lan nggrajag menyang kamar shalatan. Sak liyane kuwi banyu mlebu menyang kamar mandhi ndadekake pyan omah jebol kabeh. Saben Pak Sukri nggenahake kahanan mau jawabane entheng.
"Aku durung duwe dhuwit, Pak Sukri ya wis nyeluk tukang, dandanana mengko enteke pira dipara gapit...."
"Mekaten, Pak Min?"
"Ya. Aku iki wong repot. Yen olehky nyambut gawe prei sedina ya rugi. Tulungana awakmu sing ora nyambut gawe isa nunggoni tukang."Semaure Pak Min nylekit. Jan tenan! Pak Sukri ngelus dhadha. Nanging amarga kang kerep kebanjiran grajagan talang kuwi omahe, mula Pak Sukri ngalah. Dheweke nyeluk tukang, tuku bahan bangunan,talang, paku lan liya-liyane. Banyu talang sing dawane rolas meter kuwi didandani. Mung telung dina olehe dandan wis rampung, nanging Pak Sukri anyel atine dening Pak Min, bareng dijak totalan jebul malik ilat.
"Durung duwe dhuwit!" mung kuwi semaure Pak Min saben dijak petung. Suwene suwe Pak Sukri karo bojone pilih meneng. Ikhlas marang kahanane.
Pungkasane kahanan, wis sesasi iki saka omahe Pak Min keprungu swara dhag -dhug thuthuk-thuthuk kayu lan ndhudhah lemah. Embuh dandan-dandan apa Pak Sukri ora ngerti. Babar pisan ora ana warta saka Pak Min.Arep nginceng, Pak Sukri karo bojone ora kepenak atine. Apa maneh Pak Min nyata-nyata ora menehi pawarta babar pisan,
                                              *********
Wengi iku Pak Sukri kaget nalika garwane katon gupuh bali saka arisan ibu- ibu.
      " Pak.....Pak....!"
     " Ana apa, ta, Bu? Kok sajak gupuh banget...." Bojone sing ayu kuwi disawang kanthi anteb. Sawise Bu Sukri lenggah ing sandhinge banjur crita.
     " Pak jane ta olehe mikir Pak Min kuwi? Dijaluki urunan pasang talang wae munine ora duwe dhuwit, jebul saiki malah gawe omah tingkat ing plataran iringan omah sing suwung kuwi...."lambe abang mingir-mingir duweke Bu Sukri kuwi mbesengut. Krungu pawarta sing digawa bojone, alise Pak Sukri gathuk Dadi swara dhag-dhug sasuwene iki jebul Pak Min gawe omah tingkat? Pk Sukri unjal ambegan dawa. Kanggo masang talang guwakan banyu omahe dhewe wae eman, kamangka nyengsarakne tanggane...Ateges guwakan banyu mujur ngalor ngidul njur playune menyang ngendi? Apa ditalang njero? Utege Pak Sukri ngganjret.
     Sesuke dheweke munggah platar pemehan omah ndhuwur. Saka jendhela dheweke nyawang ngalor, yen biyen kamar telu ndhuwur kuwi nduweni pemandangan kang endah, saiki ketutup tembok dhuwur omahe Pak Min singkahanane luwih dhuwur. Pak Sukri uga bisa ngetung, iki mengko playune banyu saka talang mburiomah lan talange Pak Min tempuk ana talang omah mburi, yen udan deres bisa uga mbudag lan mbanjiri kamar sepen.
    Pak Sukri thenger-thenger ana plateran omah ndhuwur. Oleh warisan omah saka wong tuwa ing kudune bisa nggulawenthah wae ora bisa amarga kahanan ekonomine kang ruwet.Kamar ndhuwur sing aran loteng iku babar pisan ora kopen. Arep dikostne marang bocah sekolah ora patut, amarga ana ndhuwur durung ana kamar mandhine. Arep gawe kamar mandhi durung ana dhuwit sing bisa dicanthelake....
     Pak Sukri wis tuwa, olehe nyambut gawe wis leren amarga katerak penyakit mripate kabur. Biyen isih bisa bakul klambi menyang Pasar Pon, bareng saiki dheweke mung bisa pasrah marang rejekine sing wedok. Arep ndandakna mripat operasi wae ora duwe dana.
    Setengah dina dheweke mung thenger-thenger ana ndhuwur. Bareng mendhung teka, Pak Sukri enggal medhun. Yen mendhunge ceblok, wis bisa dimesthekake yen omahe banjir ana njero omah. talang sing kulon wis didandani, nanging sing mburi durung kecandhak amarga dana sing minim.
    Udan angin athik nganggo deres. Kaya padatane Pak Sukri wis nyepakake gombal-gombal amoh kanggo gawe tanggul ben banyu ora mbanjiri ruwang tamu.
   "Pak sajake wis wayahe ngrenovasi omah. Yen ora ndang direnovasi suwe-suwe omahe ambleg merga dadi guwakan banyune tangga...Utamane talang-talang kudu diganti kabeh, gorong-gorong dibenahi, ditata maneh,"swarane bojone kaya mbenging ing kupinge. Mripate nyawang iline banyu sing ngrembes deres liwat iringan tembok. Disawang playune banyu sing golek papan sing luwih endhek kuwi. Banyu mbentuk kaya kali cilik banjur mlebu lawangan jedhing. Ana utege mung mikir, piye carane golek dhuwit kanggo ndandani omah. Yen saiki, dheweke mung bisa ndandani atine sing kemrungsung murih dadi wong sabar lan nrima. Pak Sukri ora bisa ndandani atine tanggane. Iline banyu sing mbanjiri omah disawang kanthi ikhas...pasrah marang sing gawe urip.***
                        Kaanggit dening Ari Nurdiana, PS No 21-25 Mei 2013


Tidak ada komentar:

Posting Komentar