kalakone panjangka nganggo jumangkah

bisaa rumangsa aja rumangsa bisa

Rabu, 23 Oktober 2013

PARAMASASTRA

Ater-ater Hanuswara

Ing Paramasastra wonten ater-ater Hanuswara, satunggaling atêr-atêr ing basa Sanskrita, têgêsipun nurut,
kalihan swara.  Mênggah ingkang dipun wastani anuswara punika awujud cêcêk, inggih punika ingkang dados `cêcakan ' ing sêratan Jawi, ing basa modheren winastan  tembung 'nasal' utawi aksara irung [bindheng]..

Wondene wontên ing basa Sanskrita, anuswara punika swantênipun anurut swara, upaminipun jangbu, punika ungêlipun jambu. Panggih = panggih. Pangji = panji. Dangdang = dandang. Pangdhawa = Pandhawa.
Makatên sasaminipun. Dados suraosipun nurut swara, sampun cêtha.

Têgêsipun, yèn ana sangarêping ka ga, dadi ng, yèn ana sangarêping ca ja dadny. Makatên salajêngipun.
Namung anuswara wontên ing sêratan Jawi jaman samangke, limrahipun wonten sekawan inggih punika ; m, n, ny ng.

1] Ater-ater Hanuswara /m/ mapan ing tembung ingkang apurwa aksara [b, p, lan w].
2] Ater-ater Hanuswara /n/ mapan ing tembung-tembung ingkang apurwa aksara [dh, d, th, t ].
3] Ater-ater Hanuswara /ng/ mapan ing tembung-tembung ingkang apurwa aksara [g, k, l, h, r ]
4] Ater-ater Hanuswara /ny/ mapan ing tembung-tembung ingkang apurwa aksara [c, s, j ]

Tembung-tembung ingkang apurwa aksara ;[ m, n, ny, nga, y ] boten saged  nampi wewahan ater-ater Hanuswara.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar