kalakone panjangka nganggo jumangkah

bisaa rumangsa aja rumangsa bisa

Jumat, 11 Oktober 2013

SEKAR MACAPAT

Dhandhanggula
Yogyanira kang para prajurit// lamun bisa sami anuladha// duk ing nguni caritane// andelira sang prabu// Sasrabau ing Maespati// aran Patih Suwanda// lelabuhanipun// kang ginelung triprakara// kaya guna purun kang den antepi// nuhoni trah utama// Wonten malih tuladhan prayogi// satriya gung negari Ngalengka// Sang Kumbakarna asmane// tur iku warna diyu// suprandene nggayuh utami// duk prang ing Ngalengka// denya darbe atur// Mring raka mrih raharja// Dasamuka tan keguh ing atur yekti// Dememungsuh ing wanara//

Gambuh
Sekar gambuh ping catur // Kang cinatur polah kang kalantur// Tanpa tutur katula-tula katali // kadaluwarsa katutuh //
Kapatuh pan dadi awon.

Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku // Lekase lawan kas // Tegese kas nyantosani // Setya budya pangekesing dur angkara.
Mijil
Poma kaki padha dipun eling // ing pitutur ing ngong // sira uga satriya arane // kudu anteng jatmika ing budi // ruruh sarta wasis// samubarangipun.

Salugune wong ngurip puniki // Laku andhap asor // Angedohken durake mesthine // Marang wong tuwa kudu ngajeni // Eling mring Hyang suksma //Tumindak tumungkul.
 

Kinanthi
Dadiya lakunireku // Cegah dhahar lawan guling // Lan aja asukan sukan // Anganggowa sawatawis // Ala watake wong suka // Nyuda prayitnaning batin.

Padha gulangen ing kalbu // Ing sasmita amrih lantip // Aja pijer mangan nendra // Kaprawiran den kaesthi // Pesunen sariranira // Sudanen dhahar lan guling.   

Asmarandana
Nora gampang wong ngaurip // Yen tan weruh urip ira// Uripe padha lan kebo // Alung kebo dagingipun // Khalal yen pinanganan // Pan manungsa dagingipun // yen pinangan mesthi karam.


    

Tidak ada komentar:

Posting Komentar