Saben wong ing nendi wae bakale rumangsa marem lan seneng menawa diajeni dening liyan. Ora amarga "gila hormat", nanging pancen ndadekake ayeme ati.Nanging sadurunge awake dhewe njaluk diajeni dening liyan,luwih dhisik kudu ngajeni marang wong liya. Kepriye carane? ya ing kene arep diandharake sethithik kepriye bisane awake dhewe diajeni, mesthi nganggo pathokan, salah sijine pathokan sing asring dienggo yakuwi Ajining Dhiri ana ing Lathi. Aji kuwi rega, dhiri duwe teges awake dhewe, dhiri pribadhi dene lathi kuwe tutuk, lambe, lesan, panggonane omongan lan ukara-ukara ing sajroning ati diwetokake. Dadi ajining dhiri ana ing lahi bisa ditegesi mangkene awake dhewe diajeni wong liya iku saka omongan utawa saka apa kang metu saka lesane.
Wong sing cara ngomonge mbraok, braokan, ora nganggo tatanan, sekarepe dhewe, saru, seru, bisa bae mertandhani yen kapribadhene ala. Mula ora ana sing ngajeni marang dheweke.Yen nuju ana ing pakumpulan wong kaya mengkono marakake isin sing ngulatna.
Beda karo yen ana wong kang gunemane tansah tumata, bisa nyenengake atine wong liya,basane alus, ulate sumeh, mesthi bae wong ing sakupenge bakal ngajeni lan ora wani sembrana.Saora-orane ora disepelekake dening wong liya. Yen dijak ana ing pakumpulan ora ngisin-isini.
Banjur saliyane nganggo unggah-ungguh kang trep, ulat sumeh nyenengake, apa ana maneh paugerane wong omong kuwi?
ya, saliyane unggah-ungguh, wong omong mono nganggo waton aja waton omong. Sadurunge metu saka tutuk, prayogane ukara-ukarane kang arep diwetokake dipikir dhisik, aja nganti nglarakake atining wong sing dijak omongan, miliha tembung-tembung sing kepenak dirungokake, lagu / intonasine uga dipikir, amarga satembung utawa saukara kang unine padha, yen diucapake nganggo intonasi utawa lagu kang beda, surasane nang ati ya beda.
Ukara kang diucapake karo nggetak-nggetak surasane beda karo yen diucapake karo mesem. Semono ukara kang anggone ngucapake nganggo tetembungan pinilih beda surasane yen anggone ngucapake nganggo tembung sakenane wae.
Mula bener ujaring winasis, yen sira ora bisa omong sing apik, luwih becik meneng, ora ana wong sing kedhuwung meneng, nanging akeh wong kang keduwung muni/ngucap/ omong. Mula becik banget yen awake dhewe tansah mawas dhiri ing babagan omongan, ngrumat kanugrahaning Allah kang awujud lambe, lesan, lathi utawa tutuk iki.
sawijingsore ingereng-erenge gunung,23102013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar